Wednesday, September 12, 2012

Bambang Sakri Kromo


            


            Prabu Partawijaya lenggah nang siti inggil , diadhep kabeh nara praja , brahmana Sabdamuni , patih Renggabadra ,permaisuri Dewi Rati lan anake wadon Dewi Sakti.Sang Prabu prihatin banget mikirake nasibe Negara Tabelasuket kang lagi kena mala petaka lelara akeh ndadeake warga padha sengsara .Tambahe sedhih maneh merga Dewi Sakti wis suwe kelangan rasa kesenengan ,lali mangan lan lali turu, malah dina kuwi uga ora gelem ngendika arepa mung sakecap wae.Jebul sang putri lagi kangen marang satriya bagus, arane Bambang Sakri kang teka ana sajroning pangimpen pirang-pirang ndina kepungkur.
            Prabu Partawijaya njaluk iguh pratikel marang brahmana Sabdamuni,kira-kira sarana apa kanggo nangani mala petaka kang ngenani Negara lan keruwetan kang  diadhepi  anake wadon sing aran Dewi Sakti.Sang brahmana maringi pitudhuh supaya Prabu Partawijaya tindak menyang pertapan Saptaarga,nyuwun tulung marang Resi Manumanasa ,salah sijining pendhita kang kawentar wicaksana, seneng maringi pitulungan marang sakpadhane  manungsa.Ya mung Sang Resi Manumanasa sing bisa mbrantas lelara kang ngenani NegaraTabelasuket.Kejaba kuwi satriya bagus sing dikangeni karo Dewi Sakti iku jebul putune Sang Resi Manumanasa.Prabu Partawijaya seneng banget midhanget iguh pratikele brahmana Sabdamuni, mula ing dina iku uga Prabu Partawijaya tindak marang pertapan Saptaarga.
            Padhepokan Tegal Bamban, salah sawijining desa kang subur, wargane urip ayem tentrem. Eman banget nang kana ana pawongan kang neneka sing jejeneng / peparab Resi Dwapara.Arepa dheweke duwe gelar Resi nanging tatacaraning urip adoh saka sifate sawijining brahmana, malah sakwalike dheweke ngutamaake tindak angkara murka lan tumindak kang ala.Cantrik-cantrike saka para raja raseksa kang pingin oleh kasekten kanggo senjata nglampiaske hawa nepsu lan ngrampas hak e wong liya.Kabeh pinginan para cantrik  mau disaguhi karo Resi Dwipara,nganggo sarat para cantrik kudu bias mateni Sang Resi Manumanasa nang Saptaarga.Salah sijining cantrik jenenge Jarawasesa raja saka Widarba, nyanggupi sarat kang diajokke gurune lan terus mangkat menyang Saptaarga.
            Ana ing tengah alas gung liwang-liwung,ana loro raseksa kang wis bebojoan / mantenan.Ditya Kala Haswata guneman karo bojone kang aran Kala Haswati.Kala Haswati lagi ngidham kepingin mangan daging manungsa yaiku satriya bagus lan tanpa cacat,terus Kala Haswata nyanggupi kepinginane bojone, mula Kala Haswata terus lunga nggoleki satriya bagus sing dikarepake bojone mau.
           


Bambang Sakri wis rada sauntara ninggalake pertapan Saptaarga,lelana tanpa tujuan kanthi didherekake telu punakawan yoiku Kyai Semar,Gareng lan Petruk.Pas tekan ana ing pinggiring danau,Bambang Sakri sakkanca mandheg kanggo ngilangake sayah.Para punakawan nglipur Bambang Sakri,lagi rame-ramene gegojegan ,dumadakan Kala Haswata teka arep nyekel Bambang Sakri,nanging raseksa mau gampang banget dipateni,semono uga Kala Haswati kang melu bela pati marang bojone kang dikalahake dening Bambang Sakri.Bebarengan karo ilange loro rasekso kuwi mau dumadaan muncul Batara Kamajaya lan Batari Ratih.Batara Kamajaya lan Batari Ratih pesen marang Bambang Sakrri yen wis arep cepet oleh jodho.Saklebare pesen marang Bambang Sakri Dewa loro mau terus bali menyang kayangan.
Lumakune kreta kang ditumpaki Prabu Partawijaya saka Negara Tabelasuket ngliwati sakcepake Bambang Sakri kang lagi padha ngaso.Kreta mandheg lan Sang Prabu medhak ,Prabu Partawijaya seneng banget amarga sing digoleki wis ditemoake / ketemu.Lan Prabu Partawijaya ngandharake karepe anggone ketemu Bambang Sakri,nanging Bambang Sakri ora saguh didhawuhi ndherek Prabu Partawijaya.Amarga ora gelem ndherek terus kedadean peperangan antarane Prabu Partawijaya karo Bambang Sakri,nanging Bambang Sakri ora kuat nandhingi kesaktiane Prabu Partawijaya,akhire Bambang Sakri diboyong menyang Negara Tabelasuket.
Ing taman kadilengen Negara Tebalasuket Dewi Sakti lungguh karo nunggukundure ingkang rama Prabu Partowijaya,ora let suwe Prabu Partawijaya kundur karo Bambang Sakri.Jebule Bambang Sakri kasengsem / kepencut marang Dewi Sakti lan ora nganti let suwe loro-lorone padha sir-siran / seneng-senengan.Sakbubare ngrayaake palakrama antarane Bambang Sakri lan Dewi Sakti,Prabu Partawijaya tindak nang Saptaarga nyuwun pitulungan marang Begawan Manumanasa.
Nang perjalanane mangkat menyang Saptaarga Prabu Partawijaya kena pengaruh kasektene resi Dwapara,kesasar menyang pertapan Tegalbamban lan dadi korban apus-apusane resi Dwapara.Sang Prabu Partawijaya nyanggupi akone resi Dwapara arep mateni resi Manumanasa.Nanging tumindak ala kuwi mau ora sida kedadeyan malah dadi ketemune besan loro antarane Prabu Partowijoyo lan Bambang Sekutrem,terus loro-lorone padha tindak menyang Negara Tebalasuket.Sakwetara iki Dewi Sakti lagi mbobot wis sangang sasi / 9 wulan,terus nglairake anak lanang,Bambang Sakri lan Dewi Sakti atine seneng banget.Karo Bambang Sekutrem putune diparingi asma/jeneng Parasara.Lan akhire diboyong menyang pertapan Saptaarga.Rampunge crita resi Dwapara rawuh dhewe menyang Saptaarga lan Puthut Supalawa methukake nganggo peperangan,resi Dwapara ora bias nandhingi kasektene Puthut Supalawa.  

Me

Post a Comment

Semua umpan balik saya hargai dan saya akan membalas pertanyaan yang menyangkut artikel di Blog ini sesegera mungkin.

1. Komentar SPAM akan dihapus segera setelah saya review
2. Jika ada Link Download rusak silahkan komentar dibawah ini
3. Jika Anda memiliki masalah silahkan bertanya di papan komentar
4. Silahkan menyertakan link artikel ini yang mau share ke blog Anda .

Credits